Minggu, 07 Juli 2013

Lirik jagal Pabu

JHF Jagal Pabu


kecekel apa kecencang bakale mengko dadi panganan
di pangan..barengan rasane pedan
belbu daginge pabu seporsi bethu
aja dha rebutan, bakale kebagian
galo ning pawon jan akeh tenan
dina wingi karo kanca-kancaku, ning ndesa golek pabu
sing akeh sisan..ndangil, pabu ning ndalan
nggone sapa wae sing ketok, bakale mlebu njero bagor
lha ra ketok..lha nek ketok
sing ndelok..sing nduwe pabune mbengok
marakke wong-wong padha teka banjur nggepyok
kisinan..kelaran..misuh..sacilan....
ning ora kuwi mung umpamane, dadine aja nganti konangan
malahan pinter tenan..pegun pabu lima..lemu kabeh, terus lunga
bali ning podape ngundang kanca
pakare pekara, mateni segawon, jagal pabu, sing nggegirisi caramu
mateni, di jiret tali, blebekke kali, bola-bali, di penthungi, ra mati-mati
tegel tenan, weruh pabu kelaran, dadi gaweyan

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

jagal pabu mara karo nesu, goro-garane kancane mangan asu
rombongan ra ngejak dhewek'e, rumangsa kancane
barengan dha pesta dha seneng, kok meneng, ra ngejak aku
nek lagi butuh..san pedan embuh
nek lagi butuh, mara dha ngundang marakke kisruh
jane merga kepeksa..gaweyane we meh saben dina
lha ngapa ta kepeksa..lha jarene ra ana liya
sik kosik njaluk..dha padha entuk
mara rana melu pesta kepeksa dha padha kepeksa
nampa..mula deknen'ne melu ndana
le mangan we kaya buta, lali karo kanca-kanca dha nggresula
ra krasa, dirasani, malah saya ndadi
tetep ra ngerti..saya mbungahi..mangka padha wedi..arep ngandhani
dipendhelik'i karo ngathungi kepele tangane sing gedhe
milih padha ngalah, ketimbang malah mengko dadi kerah
karo japemethe rasah, petungan malah agawe crah agawe bubrah

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

dha kumpul..dha pesta sinambi cerita
dalad tambul dha lotse dasun karo bala
mbrebeki tangga-tangga, di parani seneni wong rondha
gage meneng padha rumangsa
senggoyoran..nggelar klasa turon ning jogan
cengengesan..saking senenge
neruske guyonan, padha seneng tenan, dha nganti krenggosan, kentek'an ambegan
kesel turu, kabeh turu, ngimpi dhewek'e kecekel pabu
dicekel uga dicencang, bakale mengko dadi tahanan
ditahan..diwales arep dipangan
karo pabu.. sing dadi musuhe..
keweden njuk mlayu..gentenan digawe
mangsane pabu.. kok dadi saya tene
raksasa sing medheni rupane
jagal pabu mlayu kesandung gemlundung
ketendhang kepidhak kesamplak pas irung
gumregah-gumregah ndang tangi
kancane padha bingung weruh jagal pabu kok tangi
isih bingung dha ditakoni jagal pabune jebule ngimpi

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku critane jagal pabu
ojo di gugu ojo padha ditiru

iki critaku








Sumber: http://jogjahiphopfoundation.blogspot.com/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar